Friday, 20 July 2018

*BAKDA*


Bakda podo seneng, ning wong tuwo sewalike ... anake podo mulih gur mung arep reuni...
Ketemu mung sedilit.. Ya alhamdulillah iso sholat ied bareng, njur sungkem2an... bar kui klepat lungo... jare arep reuni ro kanca2ne... sedina pamit reuni ro kanca SD, sesuk-e reuni ro kanca SMP, sesuk-e maneh reuni kanca SMA.... sajak-e ya reuni ro kanca TK karo kanca kuliah barang....
Yen neng ngomah mung turu ro adus thok...yen ora, neng ngomah kui mung dudal dudul hp...
Karo pota poto ...
Ramudeng.. yen dijak omong mung njawab sak anane ...
Sirku kui yen mulih bakda ki ya kangen2an ro bpk ibune, ngobrol gojeg kaya jaman cah2 jik cilik biyen kae ...
Lha ki njur ujug2 pamit balik nyang omah-e dewe2.... jare preine bakda wes entek ...
Wong tuwo mung ditinggali duit.. tp duit ki kanggo opo wis ra ana gunane....
Ya wis laaah... mugo2 bakda tahun ngarep jik gelem mulih mrene...

(Curhat Wong Tuwo Jaman Now)

No comments:

Post a Comment