Friday, 20 July 2018

*NGELINGAKÉ AWAKKU DHÉWÉ*


Ora tuwo
Ora enom
Ora lanang
Ora wedok
Angger wis nyelehke HP ditinggal sedilut didelok maneh , ditutup sedilut dibukak maneh.

Kabeh sayang banget karo sing jenenge HP,
Lungo nggembol HP,
Jagong nggowo tas isine HP,
Sedino HP iso mlebu metu soko tas utowo kanthong Hem luwih soko ping seket.
Bar adus ndelok hp
Bar nyapu ndelok hp
Bar masak ndelok hp
Bar nyuci ndelok hp
Bar sarapan ndelok hp
Bar ketamon dayoh ndelok hp
Bar tangi turu ndelok hp
Tengah wengi nglilir ndelok HP...jiiiiiiaannn .

No comments:

Post a Comment