Mangkat ngiring mantèn waé wis kètok bédané..
Ibu-ibu iku yèn ngiringi mantèn yo di-bèdak²no,
*Sing sugih...bolo sinh sugih,........*
*sing melarat yo podho.......... diklumpukné karo sing melarat*
*Sing sugih² ditumpaké mobil sing apik² (mobil méwah-méwah)*, bangsané mobil *Alpard, Fortuner, Pajéro, Hamer, Nissan, Lènkruser, Inova, Avansa, Sènia, Mèrci, Èpivi, C èrvi, Tèrios, Rush, Honda Jès,........* *Sing sugih² iku...*
sing numpak *mbak Ika, mbak Rèna, mbak Shinta, mbak Widia, mbak Yanti, mbak Melani, mbak Mike, mbak Merry, mbak Zaskia, mbak Niqita, mbak Tasya, mbak Linda, mbak Ranny, mbak Febru, mbak Mega, mbak Lelly, mbak Mince.....*
🤗
😛
*Tapi nèk sing melarat*, sing numpak koyo tho :
*Sutiyem, Ratemi, Waginem, Ponirah, Tasmini, Yu'yah, Paénah, Katiyah, Sumiatun, Siamah,Yatemi, Ngatiyem.*
Iku ditumpakno : *Colt stesien bak material, Bemo, Oplet* malah nèk perlu diusungi nganggo *Tossa* opo *Viar* (motor roda 3 sing mburi ono bak'é).
*Pancèn ra podo...!!!*, sanguné waè ra podo. Sing sugih² numpak mobil mèwah, sanguné yo wènak² koyo to : buah *Pir, apel, jeruk, durèn, duku, klèngkèng, anggur....abang ijo*, ngombéné yo *fanta, koka-kola, spriit, mijon, lan Pokari swit,...... iku wong sugih*.
Lha nek sing *melarat² di tumpakno Colt, Bemo* opo *Oplet* trus sanguné yo *Mendoan, arem², ondé², otok², Lemper, gedang gorèng, tahu isi, tempe gembos, sing penting Lombok'é sing wuuuakèh...,*
*Ngombené ès tèh diwadahi plastik, ditalèni karet*, yen arep ngombé dicokot pucukané...
*Tekan nggon kemantèn yo bedo*, .........sing mudun seko mobil apik yo *kètok gandes, luwes, lemes, pantes, pancèn wong sugih........!*
*Mudun nganggo sandal jinjit dowo koyo artis, dengkulé di ciutno, bokonge di-jentitno, susune diunjukno, menthèk².., gelungané rambut guuuedé sak bané praoto*, medun Mobil nyangklek tas karo nyekeli dompèt, *mlakuné jentit... njentit... jentit... jentit... jentiiiiit..,*
Yen mlaku karo pamèr gelangé sing nganti muni..... *krimying..., krimying..., krimying...., gela gelo karo lambéné clencap-clencep*, yo pantes ae jenenge wong sugih.
*Lha sing Melarat* :
Medun soko colt bak material, *wis ora rupo menungso, lambéné nyonyor kabèh*, mergo *entèk Mendoan enem lombok'é pat likur*, mangap², lambéné njedir kabèh, jontor déwé².
Rambuté mosak-masèk keno angin, keringete metu mruntus drojosan sesek-sesek'an nang colt bak material, Celak'é ndlèwèr tekan pipi, lipstik é munggah nang mripat.
Medun soko colt bak material sandal jepité nganti iso klèru,....sing tengen sandalé werno.né abang, sing kiwo wernané kuning, ngono kuwi iséh dikongkon nyangking kerdus... trus serbèt di slèmpangke ning pundak... seléndangé di gulung ning ndasé.....!!!
*Mlakuné koyo nggèrèt blarak....jiaaan... wiss bayangno déwé...
😬Sing ngerti boso Jowo ora usah mèlok ngguyu.
*Sing ora ngerti ngguyu-ne mengko nek wis oleh terjemahan seko tonggoné bar iku ngguyu ô sak karep mu déwé

No comments:
Post a Comment